Rabu, 03 Oktober 2012

Undangan 17 tahun yang Lalu

Assalaamu 'Alaikum Wr... Wb... 

Sampun kapurbo dening Gusti Ingkang Akaryo Jagad duk rikolo sapto ari kepengker ing dinten Kamis Pahing wanci raras, salah satunggaling wanodyo dumados saking sarining manungso ingkang tansah kulo pundhi-pundhi. Dene wanodyo kolowau kulo sukani tetenger : "PUNDHI RARAS PURBOSARI" 
Kanthi meniko kulo sakeluargo nyuwun tambahing doa; Esthining manah kulo ing pangajab mugi-mugi anak kulo pinaringono wilujeng wiwit dinten meniko saenggo selaminipun, wiwit ing donyo ngantos dumigining akherat, lan mugi sageto dados tepo palupining poro wanodyo, migunani tumrap Agami, nuso, bongso lan negari ugi tansah beneh dhateng tiang asepuhipun. Amiin... 

Wassalaam, 
MASJUDI Sakaluargo

0 Comments:

Post a Comment